Ura-ura kanggo tamba

Ura-ura kanggo tamba
nembang ing taman donga Kerep

Minggu, 08 Maret 2015

Asmarandana

Asmaradana





Kala kula taksih alit,
Winulang ing yayah rena.
Dipun géndhong kéwar-kèwèr.
Yèn ngantuk diléla-léla
Mekaten lampah kula.
Énjang sonten tansah émut
Sanget ing panuwun kula




Sareng kula dados murid,
Dipuntuntun digegulang
Ing guru kaya putrané
Kebak asih tlatèn sabar
Kraos ngantos ing manah
Sayekti pakaryan luhur
Apa ta piwales kula


Gegaraning wong akrami,
dudu bandha dudu rupa.
Amung ati pawitané.
Luput pisan kena pisan,
yèn gampang luwih gampang.
Yèn angèl, angèl kalakung
Tankena tinumbas arta




Poma-poma wekas mami
Anak putu aja léna
Aja katungkul uripé
Lan aja duwé kareman
Marang pepaès donya
Siang ndalu dipun émut
Yèn urip manggih antaka                                 



Karangkum : Mbahdon sma virgo fidelis bawen

2 komentar:

  1. nyuwun tulung d!ipun paringi tuladha nembangipun

    BalasHapus
  2. tuladha nembangipun tembang dedalaning wong akrami / asmaradhana

    BalasHapus